Tradisi Jawa pancen unik, nduweni ngelmu sing menehi pepeling marang anak(putu) supaya ngerti marang leluhur. Upacara brobosan yaiku upacara kang dilakoni sadurunge jenazah disareake. Iku kabeh dilakoni karo salah sawijining masyarakat. Brobosan iki salah sijine wujud pelestarian warisan tradisi lan budaya nenek moyang. Tradisi Brobosan iku simbol anane kesripahan karo para leluhur lan Mahakuasa. Brobosan iku ritual antarane budaya lokal lan nilai-nilai islam saengga brobosan isih ditindakake kanthi cara islami.
Acara brobosan iku erat kaitane kaliyan adat lan istiadat Jawa. Apa maneh yen masyarakat gelem ngrembakakake, adat istiadat sing ana iku bakal dadi salah sijine wisata budaya sing adi luhung. Apa maneh tradisi kasebut nganti saiki isih ditindakake lan nduweni nilai islami.

Tata Laksana
- Ngadusi Mayit
Mayit diadusi nganggo kembang telon kanthi resik. Diadusi saka jempolan nganti sirah. Yen mayit lanang kudu diadusi karo wong lanang. Nanging yen mayite wadon kudu diadusi karo wong wadon.
- Ngafani Mayit
Ngagem ageman kagem awak bibar diadusi utowo ngafani mayit, ageman awak sing di agemne nek islam yaiku kain mori. Sakdurunge dikafani, mayit diwenehi kapuk ing pitung bolongan lan tangan, sirah, uga sikil ditaleni ngagem suwekan kain mori. Bibar kuwi mayit dipocongi lan ditaleni pucuk sirah, pucuk sikil, lan gulu. Sakwise dikafani, biasane di dongani disik ing jero pandosa nanging ora ditutup.
- Nyolati Mayit
Bibar ngafani mayit disolati. Sakwise iku mayit dilebetaken ing pandosa utawa kreta jawa lan ditutup nganggo kain pandosa.
- Brobosan
Ing upacara brobosan, peti mayit utowo pandosa dipikul, bibar niku isteri utowo suami, anak, menantu, putu ngelewat ngisor pandosa. Ditingali sangking dhuwur, mbrobos sedalan karo pandom jam, dilakoni peng telu. Ancasipun acara niki yaiku kagem maringi penghormatan terakhir.
- Pecah gendeng
Pecah gendeng dilakokake nek sedo ing dino sabtu. Ing jawa supaya sing ninggal mboten ‘nggeret ’ utowo ngajak wong lio nderek sedo. Gendeng dipecah ing ngarep peti utowo pandosa, sak derenge bidal ing sarean.
- Gagar mayang
Nek sing sedo iseh jejaka utowo gadis, digaeaken kalih gagar mayang. Gagar mayang dibeto ing sarean, lan ditinggalake ing sarean.
- Dibudalne
Ing pambudalan mayit, dibarengi nyebar wos nang dalan, dikarepake nyebar rezeki marang kabeh makhluk kayata, wos iso dipangan kewan sing lewat lan duwit receh iku iso dijupuki wong kang lewat.
- Bedah bumi
Bedah Bumi yaiku miwiti nduduk kubur. Sak derengipun nduduk sarean salah sak wijining anggota keluarga mimpin dedonga, supoyo pas nduduk sarean mboten wonten alangan.
- Menehi Bantalan Lemah lan ngadepne kiblat
Pas mayit dikuburke, mayit diwenehi bantalan saka lempung kang dikepeli, lan diadepke kiblat jasad mayite.
- Sur bumi
Sur bumi yaiku mayit sampun bibar disareakake lan ditimbun tanah. Sur nduweni makna 1) mlebetake ing njero geni, 2) ngerebut panggonan.
- Ngecolne Pitik
Nek sing ningggal isih nduweni bocah cilik kudu ngecolake pitek. Pitek iku kanggo batur akhirat utawa serah serahan akhir wong kang wes mati.
- Upacara nelung dina
Upacara nelung dina, upacara iki yaiku upacara kasripahan ingkang dipun laksanaaken kagem mengeti telung dina ne sakwise sedo. Beboyo iki dilaksanakake kanthi kenduri kanthi ngaturi kerabat lan tetangga. Bahan sing digunaake kanggo kenduri biasane yaiku, takir pontar sing nduweni isi sego putih lan sego kuning, dilengkapi karo sudi – sudi sing isine cambah, kacang dowo sing wis diketoki, brambang sing wis di iris, uyah sing wis dialusne, apem putih, duwet, gantal rong mbiji.
- Upacara pitung dina
Upacara pitung dina, upacara iki kanggo mengeti pitung dina sedone wong kang wes mati. Sesajen upacara pitung dina maksute nyempurnaake gawan saka bapak lan ibu serupa getih, daging, sumsum, jeroan, kuku, rambut, balong, lan otot.
- upacara sekawan dasa dinten
upacara sekawan dasa dinten (patang puluh dinoi). Upacara iki kanggo mringati patang puluh dina matine uwong. Biasane peringatan iku kalakoni karo slametan. Sesajen patang puluh dino: maksute kanggo nyempurnaake kabeh sifate mayit,
- upacara nyatus
Upacara iku kanggo mringati satos dino matine wong kang wes sedo. Piranthi lan umbarampe kang digunaake pada karo sing digunaake ing peringatan patang puluh dina. Maksut ritual iki kanggo nyempurnaake kabeh rasa lan ambu kang wes ilang.
- upacara mendhak pisan
Upacara iku kanggo mringati setahunne wong sing sedo. Tata laksana lan ubarampe sing dienggo padha kaliyan mringati satus dinane.
- Upacara mendhak pindho
Upacara iku kanggo mringati tahun kapindhone wong sing sedo. Tata laksana lan ubarampe sing dienggo padha kaliyan mringati mendhak pisanne.
- Upacara sewu dina
Upacara kanggo mringati sewu dinane wong sing wis seda. Tata laksana lan ubarampe sing dienggo padha kaliyan mringati slametan pendhak pindo.
Ubarampe
1.Kain Mori
Kain mori yaiku kain tenun sing warnane putih kang digunakake kanggo bahan nggawe batik, lan digunakake ing proses ngafani wong kang wes mati sing kegawe saka bahan katun, poleyster, rayon, lan sutra.
Makna filosofine yaiku ana kaitanne karo kasucinan, lan resik, dikarepke supaya uwong kang wes sedo bisa ngapus kabeh dosane nang donya lan bakal ketrima ing suarga
2. Kain Tutup keranda
Kain tutup keranda yaiku kain kang penting ing proses pemakaman mayit, amargo digunakake kanggo nutupi mayit kang ana ing njero keranda.
Filosofine yaiku nglambangake kematian, lan tulisan ing kain nglambangake do’a. Warna ijo ing kain nggambarake kesuburan, kang diarepake supaya mayit kang wes mati iku bisa mulya urip nang alam akhirat.
3. Wos kuning
Wos kuning yaiku beras saka uwoh pari kang wes dipisahke saka sekame, lan diwenehi kunir supaya warnane maleh kuning.
Makna filosofine yaiku nggambarake kepadangan, kang dikarepake supaya padang dalanne mara akhirat kanggo wong kang wes mati iku.
4. Kembang
Kembang yaiku uwit kang duweni warna kang apik, wangi ambune lan apik wujute.
Makna filosofine yaiku menehi pengarepan supaya wong kang wes mati bisa wangi ing njero lan ing njaba awakke, kaya kembang iku mau.
5. Gagar mayang
Gagar mayang yaiku sakjodho iketan kembang kang digawe saka aneka macem kembang kang dipercaya ing sawijining ritual.
Makna filosofine yaiku nggambarake kauripan anyar kang dilakoni sawijining wong.
6. Godong kelor
Godong kelor yaiku godong kang nduweni akeh kagunaan kang apik kanggo kesehatan lan menehi akeh manfaat.
Makna filosofine yaiku warna ijo godong kelor ngandharake panguripan lan kemulyanan, dikare pake uwong kang wes mati diwenehi kemulyanan urip nang akhirat.
7. Kendi
Kendi yaiku adah banyu kang wujudte kaya teko, kang digawe saka lempung.
Makna filosofi yaiku banyu ing njero kendi ngandharake sumber keuripan. Kendi iku pangrupanan manungsa maksudte yaiku yen kendi iku diisi banyu akeh mbesok bakal bisa kanggo bekal sawijinung dino mbesok, yen ora keisi akeh, bekelle tetep enek tapi cepet entek.
8. Nisan
Nisan yaiku tenger utawa patokkan kuburan kang kagawe saka watu utawa kayu, kang ditulisi jeneng, tanggal lahir lan matine wong kang wes dikubur.
Makna filosofine yaiku ngandarake kanggo tanda kuburan wong kang wes mati.
9. Wangi wangian
Wangi wangian yaiku minyak utawa cairan kang nduweni ambu wangi, lan ngawe seger.
Makna filosofine yaiku ngandarake kewanginan kanggo wong kang wes mati supaya ambune wangi, wangi njero lan njobone awak.
10. Kapuk
Kapuk yaiku serat kang seng enek nang woh kapuk kang biasane dienggo ning proses kematian sawijining uwong kang dienggo nutupi lan ngewehi minyak wangi menyang mayit.
Makna filosofine yaiku warna putih kapuk ngandarake kasucinan, lan kapuk kang lembut ngandarake rasa kalem.
11. Jarik
Jarik yaiku kain kang nduweni motif batik ing kainne.
Makna filosofine yaiku batik ing kain iku nggambarake jati diri sawijining uwong ing donya iki.
12. Gelu
Gelu yaiku bantalan kang digawe saka lempung kang dienggo bantali mayit. Makna filosofine yaiku saka tugel telu yaiku ing jawa nduweni makna yen wong kang wes mati wes pedot amalle kecuali 3 amal, yaiku amal jari’ah,ilmu kang manfaat, lan do’a anak sholeh.
- Arta receh
Yaiku arta kang kegawe saka logam utawa mas kang digunakake kanggo proses dodol lan tuku.
Makna filosofine yaiku andharake sebar rezeki marang kabeh makhluk, utawa sodaqah lan suarane iku ngiringi wong mati marang persemayaman akhir.
Piranti Lan Uba Rampe Nyadran
1.Kereta Jawa
Kerera jawa yaiku alat kang di enggo gowo mayit songko omah menyang sarean sing biasa diangkat wong 4.
2. Pacul
Pacul yaiku alat songko wesi lan danganane songko kayu sing di gunaake kanggo duduk lemah.
3. Bak
Bak yaiku alat kang di gunaake kanggo ngadahi banyu sig biasae digawe sogko plastik.
4. Ebor
Ebor yaiku alat kanggo nyiduk banyu.
5. Gendero
Gendero yaiku alat kanggo nengeri yen enek wong mati. Biasae wara kuig utawa pethak.
6. Ublek
Ublek yaiku alat kang di gawe kanggo madangi. Supaya mayite duwe dalan sing padang kanggo goleki ragane.
Adhadasar asile njlentrehkake Upacara Adat Jawa Brobosan bisa didudut menawa upacara brobosan yaiku upacara sing dilakoni sadurunge mayit dibudalne ing sarean.
Cekap semanten, mugi – mugi saged damel nambahi wawasan ngenani tata laksana ngrumat tiyang seda.